Assalamu’alaikum wr.wb.
Alhamdulillahirobbil’alamin.
Para
Bapa, para Ibu, saha sedaya jamaah pengaosan ingkang dipun mulyaaken dening
Allah. Langkung rumiyin mangga kita tansah ngraos syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Allah ingkang tansah paring rahmat, hidayah, saha nikmat dhateng kita
sami saengga kita saget ngrawuhi pengaosan punika. Sholawat saha salam mugi
tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Saw, kluarganipun,
para sahabat, lan para sedherekipun, kalebet kita sedaya punika ngantos dumugi
akhire jaman, aamiin.
Jamaah
pengaosan ingkang dipun rahmati Allah. Ing wekdal punika kula badhe ngaturaken
bab “Pocapan ingkang Barokah”. Kita sedaya mangertos bilih salah satunggalipun
nikmat Allah dhateng kawulanipun inggih punika nikmat lisan. Lisan punika
sanajan alit wujudipun, nanging ageng tumusipun tumrap sae lan awosipun
manungsa. Kanthi lisan tiyang saget nglairaken punapa ingkang dipun kajengaken,
kanthi lisan tiyang saget sami sesambetan, weling-wineling kesalahn. Ananging,
kedah dipun emut bilih jalaran saking lisan ugi saget muwuhaken bebaya lan
kacilakan ingkang ageng.
Awisan-awisan
ing Islam kadosta tembung ingkang muspra, wicara dora, palsu, nyebar gossip,
nyatur ala, adu-adu, lan sanesipun. Tiyang ingkang wicara sae, manfaat, badhe
manggih pituwas kesaenan. Dene tiyang ingkang wicara awon, kufur, goroh,
fitnah, temtu kemawon ugi badhe manggih pituwas awon, kalebet dosa ingkang
njalari dukanipun Allah.
Rosulullah
Saw ngendika miturut hadits riwayat Ahmad, “Ora bakal lempeng imane sawenehing
wong saengga lempeng atine, lan ora bakal lempeng atine saengga lempeng lisane.
Lan sawenehing wong ora lumebu suwarga menawa tangane ora ngrasa tentrem saka
alane lisane.”
Paedahipun
pocapan ingkang sae, antawisipun:
1. Nuwuhaken
kasaenan, lan tiyang ingkang ngucapaken pikantuk ampunan.
2. Wicara
ingkang sae langkung utami katimbang sedhekah ingkang dipun kantheni pocapan
awon.
Allah paring dhawuh ing
Surah Al-Baqoroh ayat 263 ingkang artosipun, “Tetembungan kang becik lan ngemu
pangapura, luwih becik katimbang sedhekah kang dikantheni sabarang kang gawe
lara atine kang nampa. Allah Maha Sugih lan Maha Nyukupi.”
3. Wicara
ingkang sae kangge sarono mlebet suwarga.
4. Wicara
ingkang sae ndhatengaken ridhaning Allah.
5. Wicara
ingkang sae mujudaken pratandha tiyang muslim.
Jamaah
ingkang minulya. Mekaten ingkang saget kula aturaken. Mugi-mugi wonten
manfaatipun lan mugi-mugi Allah tansah paring ridha dening sedaya amal ibadah
kita, aamiin.
Wassalamu’alaikum
wr.wb.
#SESORAH
Tidak ada komentar:
Posting Komentar