Copoten Topengmu!
Topeng minangka piranti kagem nutupi rai.
Ditutupi amargi tiyang wau gadhah rai ingkang asor utawi budi ingkang boten
leres. Kula gambaraken bilih tiyang Jawi, mliginipun para mudha, samenika
inggih tiyang ingkang ngagem topeng. Piyambakipun boten purun ngginakaken basa
saha budaya ibu, ananging malah remen kaliyan budaya ingkang boten budayanipun,
inggih budaya manca.

Sampun
cetha ing Pasal 32 UUD 1945 bilih pemerintah njamin saha ngajak masyarakat supados
nglestantunaken saha ngrembakakaken nilai – nilai budaya ing wewengkon dhaerahipun
piyambak–piyambak dados golonggumilikipun kabudayan nasional. Kabudayan Jawa,
ing konteks iki basa Jawa, sing diduweni dening wong Jawa, sanadyan sampun
wonten upaya–upaya saka Pemda D.I.Y kangge ngrembakakaken basa Jawi punika,
ananging upaya punika kirang ngenani dening masyarakat mliginipun para mudha,
malah luwih dhateng masyarakat manca nagari. Pranyatanipun ing jaman samenika
kathah tiyang manca nagari ingkang kepincut pengin nggulang adilulunging budaya
Jawi. Tiyang Jawi piyambak ingkang pengin nggulang basa, sastra, saha budaya
Jawi kathahipun namung pengin le dados dwija utawi guru kemawon, panjenengane pados
kasempatan amargi guru basa Jawi samenika kathah dipunbetahaken. Menawi ingkang
leres kepingin temenan anggenipun nggulang saha pengin nglestantunaken budaya
Jawi namung sekedhik.
Basa
Jawi, mliginipun Jawi krama menawi dipun gatosaken kanthi temenan, basa punika nggadhahi
nilai ingkang mokal ditemoni ing kabudayan liyan. Basa Jawi krama saged nuduhaken
pola tingkah laku. Tuladhanipun, “nuwun sewu”, mesthi unine alus, boten ngantos
mbengok mbrebeki tiyang sanes. Kathi punika, budaya Jawi inggih basa Jawi namung
saged dipun gadhahi dening tiyang Jawi, tiyang Jawi ingkang saged dados tiyang Jawi
ingkang leres. Basa Jawi minangka salah sawijining budaya kedah diudi kagem
nglestantunaken edi endahing budaya adat ketimuran.
Sejatosipun
boten namung basa Jawi ingkang samenika sampun ketingal radi ical, ananging
kapribadin minangka realisasi ideologi ugi sampun boten nduduhaken kapribadin tiyang
Jawi, tiyang Indonesia. Sampun dipuntetepaken ing salebeting misi pembangunan
nasional bilih panggesangan sosial budaya kedah dados panggesangan sosial
budaya ingkang nggadhahi kapribadin, dinamis, kreatip, saha kiat saking osiking
globalisasi. Kita kedah enget bilih tiyang Jawi minangka bangsa Indonesia
kagungan Pancasila minangka landhesan nagari ingkang sawetawis ginanipun
minangka filter kangge nintingi pengaruh budaya ingkang mlebet dhateng nagari
kita. Boten ateges kita aling-aling saking madyaning pasrawungan agung,
ananging budaya ingkang boten laras kaliyan budaya Indonesia kedah kita bucal.
Punapa malih ing jaman globalisasi punika, pranyata kathah pepalang ingkang
kita adhepi.
Pancasila
minangka Philosophischegrondslag
utawi adhedhasar filosofi menawi kita tingali kanthi terwaca asil-asil
kabudayan Indonesia, mliginipun kabudayan Jawi, boten ngantos saged dimaling
dening nagari manca. Sebabipun nilai-nilai Pancasila punika karakit saking nilai
adat-istiadat, kabudayan, saha nilai religius ingkang wonten salebeting
panggesangan bangsa Indonesia saben dintenipun. Ananging boten mokal
nilai-nilai Pancasila saha budaya-budaya adiluhung ical amargi boten wonten
upaya temenanan saking generasi mudha supados leres anggenipun ngrembakakaken
budaya. Enget menapa boten, sanadyan bangsa Indonesia sapunika sampun mardika,
ananging saestunipun wonten ing salebeting panguwaosipun para panindhes modern
ingkang boten ngetawisi amargi ingkang pun tindhes mliginipun babagan ekonomi
lan budaya. Babagan budaya saged kita tingali wonten ing kalangan mudha,
sapunika sampun kathah ingkang nuladha budaya manca ingkang saestu boten jumbuh
kaliyan watak kapribadining bangsa Indonesia, kadosta ngagem busana ingkang
ketingal puseripun saha gegeripun, ugi ngagem anting-anting wonten grana.
Ningali
pranyata kasebat, sumangga kita angantepi kados pundi caranipun supados
generasi mudha penerus bangsa punika saged memetri edi endahing budaya adat
ketimuran ingkang nengenaken tata kramisaha sopan santun. Cara ingkang saged
kita ginakaken antawisipun:
- Tiyang sepuh paring tuladha dhumateng ingkang putra cara ngadi busana ingkang sae lan sopan kanthi nanjihaken “ajining dhiri dunumung saka obahing lathi, ajining raga dunumung ing pangrakiting busana”.
- Keparenga para dwija paring piwulang etika lan budi pekerti wonten ing sekolah saha paring patuladhan ing sadengah tindak-tanduk, wicara, sarta solah bawa.
- Nggrengsengaken wucalan Basa Jawi utamanipun krama inggil wonten ing lingkungan kluwarga saha sekolah, awit pranyata kathah para mudha ingkang boten saged ngginakaken basa ingkang leres miturut ungguh-ungguhing basa.
- Ngur-uri adat saha budaya ketimuran mliginipun budaya Jawi tumraping para mudha.
Gegayutan kaliyan bab punika, dhumateng para
pinisepuh, para ngaluhur ingkang waskitha ing bab punika kersaa cancut tali
wanda, sengkud makarya saha marsudi dhateng panggulawenthahing putra kanthi
pangajab mugi-mugi para mudha samangke saged nggegeki kabudayan kapribadin
ketimuran.
Sawijinging
kabudayan inggih punika asil cipta pradaban manungsa ingkang menawi boten
dipunlestantunaken saged sirna. Mangga kita copot topeng kita, dadosa tiyang
ingkang wantun ngadhepi jaman kanthi bangga
marang kabudayan piyambak. Lan mangga kita dadosnyataken visi SMAN 1 Godean,
nggih berbudi pekerti luhur.
Oleh: Kurnia Siwi Hastuti /19 IPA 2
Dikutip dari majalah sekolah SMAGO (SMAN 1 Godean), Sleman, DIY
SQUaR’Dz
edisi III 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar