Kamis, 20 Oktober 2011

Jagad Nalika Esuk

Nalika rawi taksih sare
Venus dadi parameswarane gegana
Sasangka minangka senthiring wengi
Pangentha-entha jagad dening bimasekti

Kluruk jago saleksa nggugah
Ngalam rindhik-rindhik ngurupake netra
Bedhug adzan nambah obahing lathi
Hawa seger alon nlusup jroning sukma

Guneman sikil minangka pratandha
Manungsa wus tangi saka pati
Tekad nggayuh...
Sumedya panguripan kang begja

Lesung dadi tembange wong desa
Ingkang prakosa ngganyang pacul
Laku mantep...
Giling gumolok hyang basunandra.


Porsenitas Negsago (SMPN 1 Godean) 23 Desember 2006
IX D/24

Hak Cipta dilindungi UU !

Tidak ada komentar: