Minggu, 23 Juni 2019

Jagad Nalika Esuk

Jagad Nalika Esuk
dening: Siwi Hastuti


Nalika taksih sare manungsa
Venus dadi parameswarane gegana
Sasangka minangka senthiring wengi
Pangentha-entha jagad dening bimasekti

Hawa seger alon nlusup jroning raga
Ngalam rindhik-rindhik ngurupake swara
Kluruk jago saut-sautan nggugah
“Allahu Akbar.. Allahu Akbar..!!”
Bedhug adzan nambah marai obah

Ayo padha tangi saka pati
Gumregah ngibadah saka ati
Mingangka pratandha syukur marang Gusti

Surya sumunar saka wetan
Nyinari manungsa, gunung, kewan, lan wit-witan
Masya Allah, la quwwata illa billah
Namung Gusti Allah kang iso mujudake kabeh endahing alam iki
Yo padha dedonga...
Laku mantep, nggayuh panguripan kang begja.


Sleman, 22 Juni 2019 editan yang lalu





#karyaku
#geguritan

Tidak ada komentar: